B. Daerah

Pertanyaan

contoh layang iber iber kanggo kanca

1 Jawaban

  • PEMBAHASAN

    LAYANG JAWA

    Jinising Layang Layang Jawa Yaiku

    • Layang Iber Iber
    • Layang Lelayu
    • Layang Ulem

    Layang iber iber

    Layang iber iber sipate yaiku pribadi lan ora resmi. Lumrahe layang iber iber ditulis kanggo kulawarga, kanca, utawa kenalan. Layang iber iber kang katujokake marang kang kapernah tuwa kudu nggatekake tatakrama basa. Cengkorongane layang iber iber yaiku

    1. Adangiyah

    Adangiyah yaiku unen unen kang nyebutkake layang kasebut kanggo sapa

    2. Pambuka / Purwaka Basa

    Pambuka yaiku isine salam pambuka lan kabar keslametan

    3. Surasa Basa / isi

    Surasa basa yaiku wigatine layang

    4. Wasana Basa/Panutup

    Wasana basa yaiku unen unen sabubare isining layang kang nelakake penulise layang mung cukup tekan semono

    5. Titi Mangsa

    Titi mangsa yaiku nelakake panggonan lan wektu panulising layang

    6. Paprenah

    Paprenah yaiku unen unen kang nelakake sapa sing nulis layang

    7. Tapak Asma

    Tapak asma yaiku tandha tangan sing ngirim layang

    8. Nama

    Nama ing layang yaiku jenenge sing ngirim layang

    Conto layang iber iber kanggo

    Yogyakarta, 25 Maret 2020

    Kanggo kancaku : Sunu Triadi

    Assalamualaikum

    Kepriye kabare Sun? Kaluwarga padha sehat? Alhamdulilah aku lan kaluwargaku pada sehat.

    Aku ngirim layang iki kanggo kowe menawa prei sekolah tahun sesok Insyaallah aku arep pindah sekolah nang jogja. Amarga kontrakan omah nang jakarta wis entek. Wilayah nang kono isek apik ya. Hawa nang kene rasane panas ora adem kaya nang jogja. Nang kene aku ora nduwe kanca. Kanca kanca nang kene wes padha dolanan HP ora kaya nang desa. Oh iya, kanca kanca desa sek padha dolan ora. Mesti nang kono rame ya.

    Nek bengi nang kene rame banget, ana bakul cilok, bakul bakso, tukang sol sepatu lan liyane ora kaya ndesa isek sepi.

    Yo wis ming iki sing iso tak ceritakke nang kowe. Ojo lali layang iki dibales ya, tak tunggu layange. Ngapura menawa ana tembung kang luput. Matur nuwun.

    Wassalamualaikum Wr. Wb

    25 Maret 2020

    Seko Kancamu

    Andika Fereira Komarudin

    PELAJARI LEBIH LANJUT

    • https://brainly.co.id/tugas/15652417
    • https://brainly.co.id/tugas/14108515
    • https://brainly.co.id/tugas/3357902

    -----------------------------------------

    DETIL JAWABAN

    Kelas: VII

    Mapel: Bahasa Jawa

    Bab: Nulis Layang

    Kode: -

    #optitimcompetition

    Gambar lampiran jawaban andikamonsa15
    Gambar lampiran jawaban andikamonsa15

Pertanyaan Lainnya